CERKAK



                                                          
                ANEH SAKA SING ANEH
                            
                  
  Dening : St. Sri Emyani
     Wingi aku oleh surat saka majalahku sing isine aku dinuta ngliput papan wisata Wendhit ing Malang.
     Sawise sembahyang mula kaya biasane Tustel’Canon’ hadhiyah saka dhiajeng Ipip pacarku sing putrine cina bogang kidul pasar gage ndak lebokake menyang ing tas kulit kebo sing wis penguk. Awit yen ndak etung-etung kancane tas kumelku kuwi wis njenat mlebu ing pasar loak. Ananging ndulu kasetyane tas lebus iku aku ora tega yen tas sing ora sethithik jasane iku ndak lowakake. Ing ati aku wis prasetya, tas ngrombangi iku arep ndak ingu nganti bodhol mobol-mobol yen wis ngono njur ndak simpen sapa ngerti dadi barang sing ‘antik’ njur regane dadi selangit. Semono uga noten, pulpen lan tape recorder rekam uga ndak wadhahi tas bereg iku.
     Sauntara iku CB 100 sing wis memper kutut bodhol iku ndak slah. Ora nganti mindhoni sepedha sing ondherdhile wis kocak kabeh iku mbengung nggero banter banget.
     “Arep tindak ngendi mas guru” Randha lanjar sing bojone mlebu penjara sebab kesangkut penyelundupan iku nyapa aku karo ngeler pupune sing rada mangkak,awit randha rada endhel iku senengane nggawe kathok sakndhuwure dhengkul.
     “Ngliput berita.” Jawabanku kanthi konsentrasi ing mesin CB sing suwarane isih durung stabil. Awit bensin eceran olehku tuku ing nggone yu Marmi iku pancen akeh campurane minyak gas. Mula saka kalbilator metu menyang mesin ora stabil. Sawise ndak rasa mesin wis panas, kopling ndak pithet, alon-alon presneling ndak lebokake siji. Njur kopling ndak culake ‘baland’ karo nguntir gas. Emane senajan ndak gawe alon-alon anggonku nguntir gas ora wurunga sepedha bejat iku njondhil mletik meh-meh wae nyantap pagere cina ngarep.
     Sepedha terus ndak giring nggendring nuju menyang papan wisata Wendhit. Rasa-rasaku njur muter-muter ora karuan. Nganti ora ngerti yen ing pinggir dalan Sersan Poimin polisi lalulintas nyebul sempritane banter banget. Nganti wong mbambung sing liwat ing ngarep melu njenthit kaget. Krungu sempritan ngeget aku melu noleh. Aku lagi ngerti yen sempritan iku ditujukake marang aku. Aku pancen kalebu patuh yen karo jenenge peraturan lalulintas. Kanthi seportif aku njur mandheg jegreg. Sepedha ndak tuntun nuju abang polisi sing ngadeg gagah njaga wibawa.
     “Pagi pak?”
     “Mat pagi pak polisi.”
     “Maaf mengganggu perjalanbapak. Mana surat-suratnya?” Ing batinku mateng aku pancen ra nate nduwe SIM. Nanging yen STNK sepedhaku lengkap. Mula gage STNK ndak ulungake Polisi gagah iku.
     “Mana Surat Ijin Mengemudi-nya pak?” Aku rada gugup njur rogoh-rogoh sak, lha dalah.
     “Ini pak.”
     “Lho bapak Wartawan ya?”
     Untung kartu Pers Mekarsari ndak kanthongi. Embuh ngopo polisi iku pacak maca Kartu Pers-ku kok malih semandulur terus sajak nglindheh ora gemagah nemen.
     “Ya udah pak silahkan berjalan.”
     “Ini pak untuk...”
     “Oh tidak! Polisi itu tidak boleh menerima suap tugas kita adalah mengabdi demi lancarnya lalulintas. Apa dalam dunia Wartawan ada suap dan sogok?”
     “Oh tidak juga ha ha ha ha.”
     Aku ngguyu njegagak, polisi iku uga ngguyu njegagak mbedhah suwasana. Sawise ngaturake panuwun aku njur nggeblas, kanthi ninggal batin sing ngembang tebu.
     Tekan papan wisata Wendhit isih rada esuk. Katimun sing kepatah njaga isih ubet-ubetan sarung. Mula kanthi sigrak ndak incer karo ‘Canon’-ku,priya dhebleng penjaga iku.
     “Mas-mas aku aja difoto!”
     “Ngapa pak?”
     “Ila-ila mas. Bapak mbiyen nate ngendika yen aku difoto isa nyuda umurku. Difoto sepisan suda setahun,kaping pindho rong tahun.Ganep kaping selawe umurku rak entek ta hehe hehe  he”.Sampean apa Wartawan?”
     “He eh.”
     “ Pesene Boss yen sing mertinjo papan wisata iku bang Wartawan bebas bea haha haha ananging....”
     “Ananging kepriye pak?”
     “Kudu dipromosekne hehe hehe bena sing mrene akeh, rejeki-ku uga akeh heheh.”
     “Sampeyan kelebu pawongan sing  cerdhik pak.”
     “Oh iyo mas, saka Wartawan apa?”
     “Mekar Sari.”
     “Wadhuh-wadhuh apike jenenge. Mekar Sari hehe hehe, majalah wedok ta mas?”
     “Sampean iku ana-ana wae. Ndi ana majalah nduwe jenis kelamin. Lha yen ana majalah Wedok rak ana majalah Lanang. Njur ana majalah mbobot utawa hamil, sik pak sampean iku ya lucu.”
     “Oh inggih yen sampean iku nyata-nyata wartawan endi Kartu Pers panjenengan hayo? Mengko gek panjenengan wartawan sing mung apus-apus. Awit kathah lho mas ngakune niku wartawan  ananging namung nyuwun sangu  hehe he he he. Niku namine rak nyeblokake jeneng wartawan sing beneran ta mas. Malah wartawan sing kados-sing kados ngaten niku wetenge gendhut, mboten kados sampean sing krempeng kados jaran kepang hehe he he he.”
     Kartu Pers ing kompek gage ndak lolos.
     “Inggih mpun mangga panjenengan mlebet.”
     “Aku njur mlebu ing papan wisata Wendhit. Sepi siji wae ora ana sing teka. Awit ya pancen isih esuk. Aku njur lingak-linguk bingung. Gek obyek apa sing arep ndak photo iku. Sing ana mung kethek-kethek sing pating njabring njaluk pangan. Kethek sing sajak wis kawong karo manungsa iku terus ngetutake sapari lakuku.
     “His minggat kana!” Ndak pendheliki kethek Benthung iku sajak ngerti. Malah njur ngiwi-ngiwi, karo ngukur bokonge sajak ngece.
     “Bangsat ayo minggat, yen ora kepingin ndak srawat bokongmu!” Aku wiwit jengkel karo kethek Benthung sing sjsk ngina aku.
     Njur aku njupuk watu sing gedhene sak jempolan sikil. Watu item iku njur ndak srawatake pas ngenani bokonge. Kapok! Ngono batinku.
     Emane sawise kethek iku ngak-nguk ndadak kethek sak Wendhit iku metu kabeh sajak sereng karo aku. Embuh apa sing diomongake, sing cetho ewon kethek iku nggrombol kaya arep nggempur menyang ing Ngalengka. Oh mosok aku kudu dadi Rahwanane. Sawise nglumpuk kethek mangewu-ewu iku nyedhak aku kabeh kanthi mringis-mringis. Aku kami gilan njur mlayu.
     Anehe kethek-kethek sing sajak gething marang aku iku malah nguber-nguber aku. Aku njur mlayu menyang njabane papan wisata isih terus diuber. Aku njur mlayu sipat kuping. Kethek gendheng iku terus nguber aku. Aku wis ora mikiri sepedhaku sing isih ndak parkir sing penting aku kudu ngluru slamet saka pangamuke kethek.
     Mlayuku ngulon terus nganti tekan papan pelanyahan Kalisari. Kethek iku isih terus semangat nguber aku. Untung WTS-WTS Kalisari sing mulus-mulus iku, padha baris latihan arep gerak jalan. Ananging Wanita-wanita Tuna Susila sing dhasare sakarepe dhewe iku anggone gerak jalan nggawe kathok sing mung wates pupu malah akeh sing ngepres mung kari sesentian karo aurote.
     Bareng weruh rombongan WTS baris iku anehe kethek-kethek bento iku mandheg anggone nguber aku. Bedhes-bedhes iku padha mandheg greg karo ngulati WTS baris. Nganti lali anggone nguber aku. Kesempatan iku njur ndak gunakake, aku njur nylingker menyang ing Wisma Plamboyan ing Kalisari karo nggawa ati dheg-dhegan. Muga-muga barisan kethek iku wis lali ora terus nggoleki aku menyang ing papan pelanyahan. Amin
                                                  *** Panggul – Trenggalek 1995
                       (cerkak iki nate kapacak udayana Mekar Sari 15 september 1995)
          
  





TETENG KEMPOS

      Dening : St. Sri Emyani
     Teteng Kempos jenenge pemudha umur 25 taun iku. Rambut gondrong ambu lekuk jelas awit percaya yen aduse saben wulan katitik. Laler-laler ijo padha ngrubung. Miturut kabar sing ndak rungu dheweke mahasisiwa. Aku ya tidha- tidha lha wong mahasiswa kok kaya wong kowog, kaya wong gendheng. Sandhangane ra nggenah. Olehe nggenah kepriye, lha wong ing abad kaya ngene ajeg nggawe surjan nganti kuwawuk ra karu-karuan. Kathik hih, gondrong rambute kuwi ndak kira  luwih apik rambute Raden Mas Burisrawa.
     Dheweke putrane mbah guru Boga Sampir saka dhukuh Panggul. Kamangka mas-mase dadi wong pener, maksude mase kae dadi Dokter ing Suralaya, lha kae mbakyune jare dirabi Insinyur pa priye. Lha dalah tiba putrane sing ragil kok kaya miring. Pa kaya mangkono ki sing diarani setres.                         
     “Lik-lik Dengkek, pa putrane mbah guru Badranaya Panggul ki rada miring ta?”
     “ Aku ya kurang dhenger ki de Gudel. Ujare ndhisik ki kuliah ing Yogyakarta ngono, lha kok ngono.Dhek emben mulih gawene mung nembang, mancing, nyuling.”
     “ Pa dheweke ki kedanan wedokan. Ra gelem njur dhanggleng ngono ya lik.”
     “Ndak kira kok ya ngono Del. Awit, aku nate maca koran mlebu desa, ujare jaman ‘globalisasi’ pangono ki akeh arus budhaya sing mlebu. Mula generasi padha tiru-tiru pengaruh ka Amerika pa ngono. Ujare jeneng isin iku wis ora ana. Malah jenenge senggama ki biasa. Ra risi babar blas dilakoni dening cah-cah enom ra rikuh senajan ta durung kaiket perkawinan.”
     “ Hiiihh jijik banget ya lik. Kamangka ujare Kyai uaudubillah yen ta nglakoni senggama sadurunge nikah iku dosane guedhe banget. Malah 70 taun dosane ra diampuni dening Sing Gawe Urip pa ya ngono ya lik kae.”
     “ ya muga-muga wae budhaya bejad iku ora sumrambah ing desa kene ya Del”. Lelorone sesalaman, njur nuju menyang omahe dhewe-dhewe.
     Teteng Kempos iku pancen aku dhewe. Iku ndak rungu rerasane tangga, nalika lelorone bubar saka sawah. Aku dhewe pancen bangga nduweni desa sing isih alami, asli lan polos.
     Ing Yogya aku kuliah ing ISI njupuk jurusan Seni Rupa. Rambutku gondrong ki ora kok merga ndak  gawe-gawe gondrong dhimen nggaya ki ora. Ananging yaiku aku ora ana wektu awit, dina-dina wektuku entek kangge gawe patung lan gambar.
     Aku mulih ing Panggul kala-kala ndak gawe ‘refreesing’ awit, ing ndesaku aku isih isa mancing, nyuling kanthi ketentreman alam.
     Esuk iku dina Jum’at. Arloji ‘Wingo’, hadhiah saka pacarku Sherly ndak inguk jam wolu luwih sepuluh. Aku tangi ra ndadak adus. Langsung nyang mburi nyangking pacul, ndhudhuki cacing. Ibu tindak pasar, bapak uga wis tindak ngasta. Sawise ndak rasa wis cukup kanggo ‘umpan mancing’ aku budhal menyang kali. Ora lali nggawa blontrotan. Aku pancen seneng mangan ing pinggir kali karo nyuling lan mancing.
     “Lik Kempos, arep mancing ta?” Bejan Benjol sing pancen sirahe benjol lan wetenge nyemplis, nyapa lakuku.
     “Hiya. Melu ta, ayo!”
     “Emoh lik, aku arep melu wagen simbok karo dodol jangkrik kok lik.”
      “Endi jangkrikmu?”
      “Ngomah lik.”
     “Akeh?”
     “Lumayan.”
     “Biasane mbok dol pira?”
     “Tus seket.”
     “Kene ndak tukune telungatus?”
     “Tenan lik.”
     “Hiya, ki lho dhuwite?” Aku njur ngetokake dhuwit gambar gunung ndak wenehake bocah njembling iku. Wer bocah njembing iku mlayu mulih karo baline wis nyangking jangkrik sing diwadhahi krangkengan saka pring.
     “Suwun lik ya?”
     “Lho kowe sida arep nyang pasar wagen?”
     “Hiyo no lik. Dhuwite mengko rak kenek ndak tukokne klepon, lapis lan klici hihi hi hi. Lumayan ta lik kena kanggo tambah gizi hehe he he.” Kandha ngono wis ngeblas.
     Aku ngelus dhadha. Dheweke lugu kemlaratan ajeg nyiksa. Aku njegreg. Ora krasa angin ketiga madhul-madhulake rambutku. Bul ra suwe bledug mabul-mabul nampeg raiku. Njur aku mlaku alon-alon nuju kali. Kapan desaku maju, ora panggah digrogoti kemiskinan kemlaratan. Oh! Durung nganti pancingku dipangan iwak, wis ana bocah-bocah bengok-bengok. Bejan Benjol.
     “ Lik-lik tulung!”
     “Ngapa Jan, ngapa?”
     “Cepet lik. Cepet mbakyu...”
     Aku njur mlayu nututi Bejan ing mburine.
     Kaya disamber mbledheg dhadhaku meruhi sesawangan sing kaya mangkono. Mbakyune Bejan Benjol  yaiku Salamah Jeprik sing isih umur 12 taun dieret-eret lik Dengkek. Dhudha biang kerok, oh apa sing arep ditindakake.
     “Setoop lik Dengkek!”
     “He wong edan arep ngapa kowe e he he he.”
     “Kewan kowe lik Dengkek.”
     Tanganku wis gatel. Ora kathik ika-iku maneh, dies tanganku wis natap uwange lik Dengkek. Ora mindhon nggaweni dhudha lapuk iku wis njerbabah kempas-kempis. Aku nonyo rada keseron. Ala tanpa rupa aku nate melu tinju, senajan ora nganti tekan ing tingkat profesional, nanging ora kaping-kaping aku ndlosorake rival-rivalku.
     Tangise Salamah Jeprik tambah njempling-njempling, karo nubruk aku. Dene si Bejan Benjol nangis miseg-miseg. Ora suwe papan kono rame dadi rubung – rubungan. Salah paham ketoke, awit masarakat sajak nyawang aku sinis. Dikira aku sing mrawasa si Salamah Jeprik.
     Kanthi tangis sing urung tuntas, Salamah nyritakake yen dheweke arep diperkosa lik Dengkek. Njur ditulungi mas Teteng Kempos. Kontan masarakat bringas marang lik Dengkek sing durung tangi semaput.
     “Setop, ampun tumindak kiyambak-kiyambak dulur”.
     “Lha wong bejat niki ecane dikapakake Gus Kempos.”
     “Bekta teng kantor Polisi. Negara kita kan negara hukum, mula sapa sing salah kudu diukum.”
     “Hore-hore Gus Kempos! Hidup Gus Kempos!”
     Ana sawenehing sing cluluk. “Lur kepriye yen ngisi kekosongan Demang. Gus Kempos didadekake Demang ing Panggul kene wae.”
     “Setuju!”
     Liburanku wis entek, aku bali menyang Yogya. Aku mesem desaku pancen isih polos. Aku nggumun, oleh pengaruh saka ngendi nganti lik Dengkek nduweni krenah arep mrawasa. Ya muga-muga ora pengaruh saka film utawa vidio, ananging mung pengaruh saka alam. Kaya wedhus sing butuh kawin, kebo sing butuh kawin. Utawa menungsa dhewe sing pancen ya butuh kawin. Ananging ya ana aturane, ana tatanane. Ora padha karo kewan ta?
                                                               
                                                           ***Panggul – Trenggalek 1994
                                                 (Cerkak iki nate kapacak udayana Djala Lodang no17 taun 1994)





                                                               

                   AMIT-AMIT TUMI’AH


                       Dening: St. Sri Emyani
    
Tumi’ah randha menor ing dhukuh salam iku pancen ya kondhang. Awit randha sing bojone mati merga kurang gizi iku saiki dodol rujak, kathik endhele, ooo ngluwihi bintang sinetron. Wadhuh dhik yen ngomonge cene guedhe-guedhe. Ananging sok ngonoa sing diomongake iku, kaya remaja masa kini wae, ya sing pacar, sing surat cinta. Wadhuh-dhuh pokoke yen panjenengan nyipati ngono dhewe mesthi njebir. Karo muni amit-amit. Ora pisan ora pindho ngomongane iku disegrok dulur-dulur, nanging sing sengap omongan ya kok tahes malah ya ngrewes.
     “Yu Tumi’ah, yu Tumi’ah.”
     “Apa ta Jo, Bejo. Kowe iku ambok ya sing sopan.”
     “Sapa yu Tumi’ah sing ora sopan ki?”
     “Ya dhangkresanmu kuwi.”
     “Kok isa?”
     “Ya isa. Mosok ing jaman modhern lan canggih apa-apa wis nggunakne komputer ngene, aku isih kok celuk Yu kaya jaman kuna wae, he munyuk!” Ngomong ngono iku yu Tumi’ah karo malangkerik angker persis ‘Teko’.
     “Lha aku njur kudu nyeluk kepriye?”
      “Heh he he he mbok ya jajal aku celuken karo Tante Mimi ngono rak ya luwih ngetrend hehe he he he he.”
     “Tantan...”
     “Tan-te.”
      “Tante.”
      “Lha dalah he he he he.”
      Bejo gundhul njur kukur-kukur bokonge sing kena lara wudhun lan wis luwih rong wulan ora mantun-mantun.
      “Yen kowe gelem ngundang aku karo sebutan Tante, mreneya ndak wenehi rujak gratisan.”
      Sing diwenehi rujak gratisan ya surak hore karo atine mekar. Awit kaya bejo sing yatim-piatu iku ora kuat yen ta tuku rujak uleg sing regane Rp 350,00.
      “Bejo...!”
      “Apa yu Tum...”
      “Lho bali maneh.”
     “Athuuuw lara.”
     “Yen kowe ngundang aku ngono maneh ndak jewer tenan.”
     “Hiya hiya Yu, ih Tan.., Tan...”
     “Tante.”
     “Baleni maneh.”
     “Tante.”
     “Bagus.”
     Kanthi lahap Bejo njur bali ikut mangan rujak uleg.
     “Ngene lho Jo.”
     “Apa Yu, eh Tante.”
     “Hayo kliru maneh.”
     “Kepriye Tante.”
     “Ngene lho Jo, awakmu arep ndak kongkon. Engko yen berhasil lha dalah, awakmu arep ndak tukokake klambi anyar. Klambi Trililin he he he he.”
     “Hah!” Bejo kaget arep ditukokake klambi Trililin sing pancen kesenengane. Awit mbah Tarinah simbahe dhewe wis ditangisi rong mbada melang-melung beteke kepingin nduweni klambi Trililin, iku wae ora kasembadan kok iku mau arep ditukokake klambi Trililin.
     “Hiya Jo, pokoke ana asile.”
     “Dikongkon menek klapa,macul utawa mijeti Yu eh Tante?”
     “Ora pijet, macul, utawa menek klapa.”
     “Lha...”
     “Wis ta Jo iki kerjane ora abot. Ya mung ana syarate...”
     “Kerjane ora abot, ya mung ana syarate.” Bejo mung manthuk-manthuk nanging isih durung dhamang. Ing njerone sirah kaya ana teka-teki sing muter-muter jawabane. Bejo kepingin nggerba jawabane teka-teki iku, nanging manggah ora keconggah.
     “Syarate pa Tan?”
     “Sepisanan barang iku kudu wenehna menyang wonge langsung, kapindho aja omong-omong sapa wae, sing terakhir njaluka balesan, ngerti!”
     “Aku ngerti saiki he he he.”
     “Apa, hayo kerjane?”
     “Menehne surat.”
     “Tepat.”
     “He he he he!”
     Bocah njodeh iku ngguyu ngakak. Nganti untune ngarep sing wis arep pupak iku obah-obah.
     “His ojo ngguyu seru-seru, engko untumu copot kabeh lho Jo. Sida ora isa mangan rujak tenan mengko he he he!”
     “Kepriye Jo setuju?”
     “Yen mung ngeterake surat wae ya okelah he he he. Menyang sapa? Bayan Miran, Karto Dugel utawa mbah Sumolewo hehe he he he.”
     “Dudu ! Dudu ! Dudu menyang paraga iku.” Randha midhut iku gedheg-gedheg karo rada ngunyerne bokonge sing kaya nangka bubur.
     “Wis ta pokoke syarate apalna dhisik.”
     “Siji menehne menyang wonge langsung he he he.”
     “Hiya, sing kapindho?”
     “Sing kapindho ora kena omong-omong utawa RHS he he he.”
    “Sip,sip. Sing terakhir.”
     “Aku kudu nggawa balesan he he he.”
     “Apik-apik, yen telu iku wis mbok penuhi sida oleh hadhiyah klambi Trililin he he he he .”
     “Hore, he he he!”
     “Kok hore.”
     “Yen mung iku syarate gampang, kecil, cetek he he he.” Ngomong ngono iku si Plenthis Bejo karo nylenthikake drijine Jempol karo Jenthik. “Saiki endi surate lan diwenehne sapa?”
     “Nyedhaka mrene ndak bisiki.”
     Bejo njur nyedhak randha gembrot iku karo kupinge sing mesthi akeh curege iku ditempelake ing lathine si randha kembang.
     “Ah!” Bejo kaget bareng krungu surat kudu diwenehake menyang sapa.
     “Pak Ani, rak guruku ta Yu. Eh Tante.”
     “Lha ya kari kowe saiki, wani apa ora. Yen ora mengko Trililin sida kena menyang bocah liya. Kepriye?”
     Kanthi semangat klambi Trililin, Bejo njur manggut-manggut abot.
     “Yen kowe gelem iki surate.” Tumi’ah njur njupuk surate saka njero kompek klambine. Bejo njur nampani surate iku karo kluntrung-kluntrung.
     “Eh he Jo!”
     “Apa!”
     “Surat iku olehmu nggawa aja kok endheng-endheng ngono wah! Wah! Ketemon Bayan Miran gendhakanku sida perang tenan engko. Iki ana plastik kresek lebokna plasti kresek.”
     Guru Ani ya aku dhewe. Aku dhewe rada muring nalika Bejo menehake surat abang jambu marang aku. Nanging muringku ilang blas bareng kanthi jujur Bejo muridku sing kondhisine mrihatinake iku ngomong jujur, lugu lan apa anane. Aku dadi guru SD ing daerah Jonggring Salaka iki isih kepingin ngabdi marang anak-anak bangsa. Nganti aku dhewe lirwa durung mengku garwa, kejaba iku ing atiku ya wis prasetya yen si Teteng Gembos adhiku sing kuliah ing ISI [Institut Seni Indonesia] durung cekel gawe ya embuh swasta embuh negri aku isih durung arep palakrama.
     Oh kaya Bejo mung kepingin klambi Trililin wae kudu ngenteni tetesing rejeki saka wong liya. Oh Bejo muridku dhewe, kudune durung ngerti masalah surat-surat sing kaya mangkono iku. Nanging gek ya kepriye?
     “Oh pak Ani kula nyuwun duka lan pangapunten.” Bejo sing jan-jane wis mlebu ing SMP nanging isih SD kelas lima iku ndak elus gundhule.
     “Bejo.”
     “Ngapunten pak Ani.”
     “Hiya-hiya wis, apa awakmu pancen kepingin klambi Trililin tenan?”
     “Inggih.” Ngomong ngono iku Bejo sing pancen nduweni watak jujur manthuk.
     “Ya ya ya yen pancen mangkono. Ayo saiki menyang tokone Bah Khoh lio Ceng tuku klambi Trililin.”
     “Pak...”
     “Wis ta ayo.”
     Wusanane bejo sida ndak gonceng sepedha onthel nuju menyang ing tokone Khoh Lio Ceng tuku klambi Trililin. Separo gaji ndak tukokake klambi Trililin loro karo ndadak tambah kathoksekolahe sing wis katon mbawuk ndak tukokake pisan. Kaya ngono maturnuwune si Bejo.
     “Jo entenana dhisik, balesane gawanen pisan.”
     “Inggih, pak Ani.”
     Aku njur wat-wet nggawe surat menyang si Randha. Bareng wis mari njur ndak ulungake si Bejo amit.
     Let rong jam saungkure si Bejo, aku ngrungokake ana wong cecaturan ing ngarep omah.
     “Mis, durung krungu khabar?”
     “Iki mau yu Tumi’ah nggeblak semaput. Ya untunge wektu iku ana si Bejo, yen ora randha genit iku wis bablas tiwas.”
     “Lha sebabe apa?”
     “Halah ya randha paling-paling ya rebutan jaka ha ha ha.”
     “Huah ha ha ha ...”
     Aku ngrungokake cecaturan pawongan loro iku. Nalaku nggleges ‘amit-amit Tumi’ah’. Oh lelakon kok ya ana-ana wae.
                                   *** Panggul – Trenggalek 1995.
                               ( cerkak iki nate kapaca udayana Mekar Sari  07 April  1995 )                                                       


    


2 komentar:

  1. ...huuuuaaaa ha aha ahaaaaaa....temane pancet wae.
    sak jane sing nguber pean ki kethek opo kethek (= wts ),....merga ora mbayar ?

    BalasHapus
  2. siiipppppp sipppp
    .......pancet wae. sak jane sing nguber pean ki kethek opo WTS,..... merga nggak mbayar..... hua hah haha hah haha hah aahhaaaaa

    BalasHapus