AJA WAS NIMAS
godhong esuk
ngreda ngelus-elus
mangsa
jantra mubeng ngrabuk lungite rasa
impen esuk tumiyung
mumbul ngawiyat
mburu mega biru
malang megung kesileb wuru
kekidung tembang lan tembung asmara
ora
bisa enda
nalika keplase warastra
titis nunjem
pulung dhadha
bethari Ratih
--njelih
--ngrintih
Pupus godhong
gogrog
gugur tumumpang
ndhuwur lungur
rembulan nglegena wudhar tanpa tapih
diyu kesusu
nggaglag nadhah kala
mangsa
patang candra
kawistara
"manis
aja tetawang
tangis..
iki ana japa tanpa mantra"
(duren ,seprait apa nanas)
sumpet pamungkas
aja was nimas
***
Panggul-Trenggalek
(Kapacak
ariwarti Djaka Lodang)
PEPES
Dening: St. Sri myani
langit sing ndak rakit kadya gurit
saiki wis njerit
dakburu karo kalbu
dakcandhak sarosaning awak
ning panggah ora kuwawa
malah nyempyok wani
nunjem sanjerone iga
dhuh dewa,
sakjane aku kudu wis rumangsa
aku kudu isa nggerba
menawa aku iki pancene mung emprit
sing kepengin nganggit gurit ing pucuking
langit
kok cumantaka mabur masang tengara ing
nggegana
karo ngibarne gendera ana mega
dhuh dawa,
aku tiba
panjangka sirna
saka arah langit angin ketiga ngeses
nggodha sukmaku sing nggrantes
p e p e s
***Panggul-Trenggalek 1989
(guritan
iki nate kapacak Majalah Djoko Lodang 1989)
ING JIWA THUKUL IRAMA
Dening
: St. Sri Emyani
wurukku
ngrabuk swara-swara
---ngebaki
rina-rina
---ngrungkepiwengi-wengi
sakehing
tatu lan guyu
malah
nyithak kasantosaning nala
ooo,
paman
aku
isih ajeg lumaku nut cakra
ngupaya
tangise lintang lan rembulan
kanthi
ngronce lungite ukara
: dhadhaku ana geter guyu
: marasku ana peter tatu
(nyawiji
: rubeda lan suka dadi tembang wuru)
kelayung
sumliwer tembung-tembung
njur,
ing jiwa thukul irama
***Panggul – Trenggalek 1993
(guritan iki nate kapacak ing
majalah Mekar Sari 8 April 1994)
ING
SUNGAPAN
Dening
: St. Sri Emyani
ing
sungapan ana bathang celeng
njerbabah
mangambar anyir
worsuh
larahan
--letheg
!
--butheg
!
ing
sungapan ana watu mutiara
sakebo
ndhekem
ilang
sunare kebendhem bathange kwanda
--pating
bethethar !
:
bathang – mutiara
padha
samyuh ing sungapan jiwa
o,
jembar samodrane
o,
jembar dhadhane
agung
pangaksamane
sungapan
hem, sungapaning nurani
sing
setya nampa amis lan manise
lelakon
sing
wis dilakonake
panjenengan-Ne
***Panggul – Trenggalek 1993
( Guritan iki nate kapacak ing majalah
Mekar Sari 1994 )
NASAK
Dening
: St Sri Emyani
wengi-wengi
lelayaran
kita tanpa wates
o,
nimas !
kita
wis nasak alas
nyabrang ilining kali madu
aku
wuru mabuk ing pangkonmu!
o,
nimas !
kene-kene
ndak bopong
lelayar
ngawiyat ndhodhog korining kamasih
-adhuh
aku kelipyan-
wengi-wengi
sukmaku
ing pangkonmu
nadhahi
ilining luh-luh suci
o,
nimas
ngapa
kita nasak
sadurunge
tekan mangsakala
aku
wuru !
mas
mas
wis
ana telung candra
mbulane
panglong
pange
mendhelomg
oh
!
kepriye
?
“
aku wirang Kakang”
(
oh cah ayu, kridhaning pesthi
mung
penjenenganNe sing kwawa nggarisake )
nalika
jago-jago padha kluruk
iki
lamarane
hem,
cah ayu!
kembang
taman ngarep wis wayu
kasasak
gurit wuru
NAFSU!
***Panggul- Trenggalek 1993
( Guritan iki nate kapacak ing majalah
Mekar Sari 19
PELUH
Dening
: St Sri Emyani
wis
utah angin sukma
ing
sadawane ratri
njur,
nalika samun ungak-ungak
ing
randhuning angga
yitmaku
angluh
-peluh-
wis
ndak suntak
ing
sanjerone kepis
wulan,
candra, kartika
-nyawiji-
hem,
sadawane guritku
ngemban
saripatining jiwa
tama
ooo,
kadang
edine
ketula-tula
bareng
pecahe surya
***Panggul – Trenggalek 1993
( guritan iki nate kapacak ing majalah
Mekar Sari 11 Maret 1994 )
WOTING
NALA
Dening
: St Sri Emyani
yen
ta wengi wis nagih sepi
ranggas
sukmaku
kepagas
landhepping
warastra
a s ma r a n d a n a
:
ngontitake tentreming nala
oh,
ranggas !
rikmamu
memes
cumondhok
ing netraku
kalane,
aking ing nuraniku
mbiyaki
reroncen mutiara
a s m a r a n d a n a
:
ngiris maras nggada mustaka
oh,
kantaka !
liwung
kelangan kaca
minangka
pangilon
kalane
woting nala aking
nuju
bumi mamring
h e m !
***Panggul – Trenggalek 1993
( Guritan iki nate kapacak ing majalah
Mekar Sari 11 Maret 1994 )
MATI
Dening
: St Sri Emyani
wis,
ndak elar genderaning jiwa
ing
sadawane : marga,gegana, wang lan wung
nyatane
tan subur
ooo,
tansaya sonya
sepi
mati
!
(
saben aku wuru; terus ngrerujit
ukara-ukara
putih saka wijiling ruh )
tuntas
rakiting
mutiara
ing mustakaku
nyatane
mung tekan samono
pengaji-ajimu
o, putu !
ya
ta yitmaku
oncat
saka kwanda
utawa
gurungku wis ngelih
saka
akinging ketiga dawa
--malah
werdine ora ana kang nglari
ooo,
koncatan generasi
m a t i !
*** Panggul Trenggalek 1993
( guritan iki nate kapacak ing majalah
Mekar Sari 11 Maret 1994 )
G
O G R O G
Dening
: St. Sri Emyani
sore
– sore :
ana
kembang semboja segagang
ceblok
tanpa ludira
ooo,
tangis tangis tangis
kusung
– kusung
bumi
dhuhkita !
hem
adhi !
ngapa
mesthi tetawang
jer
saben godhong
ajeg
gogrog
ing
dina wektu
g
i l i r !
yen
tengara
wis
ngindhit wayah
njur
thathit mapag kwandamu
njerbabah
tanpa
swala
g
o g r o g !
***Panggul – Trenggalek 1993
( Guritan iki nate kapacak ing majalah
Mekar Sari 19 Januari 1994 )
GURIT
KEMBANG BAKUNG
Dening
: St Sri Emyani
kalane
sukmamu wuru
hem,
ya mung sliramu ta nimas
sing
kwawa nyugatakake panglipuring nala
utawa
yen kembang bakung nyiramake amrik sukajati
ndak
arasi memes rikmamu
ing
sadawane ratri
-ndak
ambati ing keliping gegana
-ndak
udhal ing sadawane mangsakala
-ndak
lela-lela nganti purnaning carita
hem
kembang bakung
gurit
aking panglipuring nala
ajur
keplantrang
ing
wang
lelayaran
!
(prahara
ngadhang ing sawiyare samodra
njur,
rempu sukmamu
ninggal
kembang bakung segagang )
nalika ratri amem
mabuk
yitmaku ngrakit ukara
sepa
lan sepi sing ajeg ndak gegeti
nglelewa
ing taman sepi
(hem
yen ta lelayaran kita nganti tekan puloning jiwa
ooo,
nini, wengi iki isa ngglanik sapejagong
ngenam
kidung asmarandana
ratih
lan kama mangayubagya)
hem,
gurit kembang bakung
lelewa
pindha
cakra nembus jangga
hadhuh
!
***Panggul – Trenggalek 1993
( guritan iki nate kapacak ing majalah
Mekar Sari 26 Agustus 1994 )
GANGSINGAN
Dening
: St Sri Emyani
sauruting
kali ndak ubengi
karo
lingiring sukma
kanthi
raga njebabah
sumendhe
ing pang-pang ori
aku
wis lila legawa
oh
Gusti !
ana
ngendi papane aku umpetan
jer
kuwanenku ngluwihi
panase
nala
keslomot
dahana
wuru
kecubung
asmarandana
oh,
gusti !
ing
telenging bengawan iki
pupus
pangarepku
mecaki
urip sing keplase
santer
kaya bapangan
:
ing ndhuwur – laku lakonku ngwasani
keplase nafsu birahi
:
ing ngisor -- kelangan drajating dhiri
morsuh letheking sih
panguripan
hem
!
urip
mung kaya gangsingan
nurut
kridhaning jantra
-
tanpa kridha ?
-
tanpa suwala ?
(
aku satria papa sing ajeg laralapa )
***Panggul – Trenggalek 1994
(
guritan iki nate kapacak ing majalah Mekar Sari
14 Oktober 1994 )
GURIT
LINGSEM
Dening
: St Sri Emyani
nalika
wulan maya-maya
tidhem
sunare tiba ing sukma
ing
kana ana ombak laguning ati
asri
nglelewa jiwa
njur
sewu ukara
dadi
sesulihing nurani
thukul
subur
ing
bentenge dhadha
ooo
aku wuru !
awit
getih prawanmu
isih
mencok ing nala
gumawang
ing pangangen
kalane
jiwa kita mabur
ing
awang-awang biru
njur,
aku ambruk !
ora
kwawa nadhahi
mangambar
wangine sih katresnan kudus
hem,
aku iki ta
satria
pongah sing ajeg cidra
menthang
gendhewa
ulah
warastra
njur,
ing sih kang tidhem iki
guritku malah lingsem
***Panggul –
Trenggalek 1994
( guritan
iki nate kapacak ing majalah Mekar Sari
28 Juli 1995 )
K E R E N
Dening
: St Sri Emyani
laguning
jiwa ora kwawa nyendhet ilining pesthi
jer
lajuning baeta sampyuh
ketrajang
gemuruhe angin
-prahara
(kobar
sukmaku kepanggang kridhaning nafsu)
nalika
ratri kebungkus atise musim
ndak
sedhakepake astaku
sukmaku
nyawiji ing
pucuking
grana
-asate
gurungku
tukone
segara madu
njur
dadi lagu kidunging
ombak
katentreman
hem,
sang pujangga !
sing
ajeg
nekem
dhadha garing
awit,
reroncene ukara
mati tanpa rinokti
***Panggul – Trenggalek 1994
( guritan iki nate kapacak ing
majalah Mekar Sari 3 Pebruari 1995 )
TEMBANG GURIT
KAMERDHIKAN
Dening
: St Sri Emyani
ndak
ungalne dhadhaku, kongas !
swaraku
sentak nanggor bumi :
m e r d h e k a !
(nganti
gurungku serak, kasadan ukara )
njur,
ndak jumputi lelakon-lelakon klawu
-ayo nyedhaka raseksa
-iki aku satriya tama
-ndak babat karo lungite ukara
m e r d h e k a !
(tembangku
ngumandhang ing lurung-lurung, dijumputi semut-semut kampret haha ha ha ha ha )
bumiku
bumi biru
ndak
dhadhaki kari lingiring ati
karo
pangrasane jiwa
-raseksa laknat
-aja dumeh pangwasa
-ayo bandayuda
(ndak
sebari ukara-ukara kudus ing sadawane lemah-lemah ngare,
lemah-lemah
bang : dhimen ditampani carang-carangku
werdine
minangka gembolan suci)
bumiku bumi leluhur
ya
aku wis ngerti yen wis merdhika, kanca
ananging
ing sadawane cerita isih ana raseksa
kelangan
kiblat
laknat
***Panggul – Trenggalek 1993
( guritan iki nate kapacak majalah
Mekar Sari 8 September 1993 )
GARUDHA
Dening
: St Sri Emyani
sukmamu
biru
sing
ajeg ngronce ukara mutiara
kekidungan
ing lemah ngare ing lemah cengkar
ing
langit-langit ngawiyat
hem,
yen rakitan ukara iku wis nyawiji
-ana
guyu kutah
Sastra
badhut panglipuring nala
Ooo
komedhi !
panase
jiwamu
ajang
panas
mabur-mabur
ing angkasa
adus
eluhe surya
sarandhuning
jiwa
netesne
kringet
-tuk-
njur
saka lingiring netramu
netes
luh sadawane kali
-mangsi-mangsi
biru dadi guyu-
hem,
ora ana mangsa kendhat !
oo
panjenenganmu ta garudha
sastra
panglipuring nala
panjenengan
ta pujangga ketriwal
sing
ajeg goreh ing jiwa-kontal—
o
sang garudha !
sepine
kwandamu jebul nggembuleng
sewu
ukara tama-reh pangrasa !
eman-eman
yen ing wengi-wengi
sliramu
kekitrang
“ADHUH
DHIK, AKU DITAGIH UTANG !”
*W
A H *
***Panggul – Trenggalek 1993
( guritan iki nate kapacak majalah
Mekar Sari 5 Agustus 1994 )
PACEKLIK
Dening : St Sri Emyani
ing
sadawane :
-sawah-sawah
-langit-langit
-wang lan wung
dalanku
macet
tanpa
wot
o,
ranggas !
ing
sadawane :
-dongeng-dongeng
-crita-crita
-laku lan lakon
swargaku
tanpa kori
kwandaku
rowak-rawek kejojoh eri
hem,
paceklik !
dhuh
Gusti
weninging
jiwa
ora
kwawa nyuburne
bumi
paceklik
ing
sarandhuning
kwanda
:
Bangka
!
***Panggul –
Trenggalek 1993
( guritan iki nate kapacak majalah
Mekar Sari 1 April 1994 )
GEGREG
Dening
: St Sri Emyani
molak-malik
kridha
nututi gebyaring jaman
budhaya
: asor – tanpa segu !
(ngulati
langit-langit timbreng)
yen
ing kampungku isih ana kidung
oo,
manis ; iku mung kampret
sing
metu bebarengan kesaput
ilining
mendhung
temlawung
!
njur
ing saben wengi
ndak
laga sakethi wesky
aku
wuru ! liwung !
(
njur ing kono mbrubul ukara-ukara
reroncen
mutiara )
“senajan
ala iki kececering budhaya, Mas “!
=bena
nyecenges=
ing
sadawane lesus timbreng iki
dhadhaku
ndak tebah
g e g r e g !
-bali
aku ngadeg jejeg-
(budhaya,
tetep ndak dhadhagi karo landheping pangrasa)
***Panggul – Trenggalek 1993
( guritan iki nate kapacak
majalah Mekar Sari 1 April 1994 )
ARAK—ARAKAN
Dening
: St Sri Emyani
bumi
ranggas
gemlewange
surya panas
kreta
kwalahan narik kwanda
sing
pating slengkrah
tintrim
!
isih
ana ta sihing memitran
yen
bumi gonjing
awit
semut-semut padha
ulap,
gebyaring brana
:
dhemit mesem
:
iblis ngakak
(aku
sumendhe, karo landhep netraku
mandeng
grana, kabeh wis pakem-Mu)
saka
telenging kutha ana arak-arakan
tetawang
diiringake sewu jangkrik, dhuhkita
hem,
sang
raja
sang
raja
sang
raja
gogrog
– ngruwat dumadining urip
PATI
!
o,
aja tetawang ta kadang
jer,
tekane pesthi mujudake kwajibane
rat
gumelar
yasa-Ne
***Panggul – Trenggalek 1993
( guritan iki nate kapacak majalah
Mekar Sari 1994)
A
R A K
Dening
: St Sri Emyani
kencana
guwayaku
nalika
ndak laga sepuluh centhak arak
limbung
sukmaku ing mega-mega
njur,
sewu tatu manjelma dadi guyu
:
manise nimas lathimu
:
amrike rikmamu mbok ore
:
kwanda ayu ngusap nafsu
(hu
hu hu hu hu aku wuru ta ! )
ndak
laga maneh
sugatakna
ta nimas amrike kembang panguripan
dhimen
ngelak sukmaku
tentrem
saka ombak maduning asmarandana
wis
telung puluh centhak ndak laga
bumi
mendhelong
endi
kiblatku ?
elor
kulon kidul wetan
kelangan
tetenger
o
alah
aku
keblinger
***Panggul –Trenggalek 1993
(guritan iki nate kapacak
majalah Mekar Sari 1994 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar