Sabtu, 06 September 2014



GODHONG WAS

dening: St. Sri Emyani

godhong esuk ngreda kaelus-elus mangsa
jantra  mubeng ngrabuk lungite rasa
imajinasai putih mbrubul
mumbul ngawiyat mburu mega biru
malang migung kekidung tembang ukara sang kama jati
tan  bisa endha
nalika ana warastra
titis nunjem pulung dhadha
bethari ratih njelis
ngrintih ngrintih

gadhong  gogrog
gugur tumumpang ndhuwur lungur
rembulan  nglegena wudhar tanpa tapih
diyu kesusu
nggaglag  nadhah kala  mangsa
telung candra
kawistara

manis
aja tetawang tangis
iki ana (pilpo, duren seprait, nanas)
sumpet pamungkas
was

*** Panggul-Trenggalek’ 05122013
        TEMBANGA DHUKUH PURUN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar